Rabu, 29 Oktober 2008

unggah-ungguh jawa

Ajaran Jawa
^__^ Di rumah aku sering dibilang “Paling tidak jawa..” Alasannya macem-macem. Yang katanya terpengaruh budaya barat, terpengaruh pergaulan dsb… Hihihihi padahal aku juga tetep kok mempelajari “unggah-ungguh” (tata krama dan adat kesopanan).. Hmm bukannya mau SARA, tapi alangkah baiknya jika kita tetap memegang adat leluhur yang baik (selama tidak bertentangan dengan ajaran Agama)
Di sini mungkin aku hanya memberikan beberapa butir budaya Jawa yang kuketahui (In javanese, boso Jowo) :
Butir-butir Budaya Jawa
Butir-butir Budaya Jawa kaperang dadi loro, arupa:
1. Pituduh
2. Wewaler
Loro-lorone ngandhut 6 perkara:
1. Ketuhanan Yang Maha Esa
2. Kerohanian
3. Kemanusiaan
4. Kebangsaan
5. Kekeluargaan
6. Keduniawian
A. Pituduh
I. Pituduh kang magepokan karo Ketuhanan Yang Maha Esa, kena kaperang dadi 5
butir:
1. Pangeran (Tuhan) iku siji lan nyawiji, ana ing endi-endi papan, langgeng, sing nganakake jagad sak isine, dadi sesembahan ing sadengah makluk, nganggo carane dhewe-dhewe.
2. Pangeran iku ana ing ngendi-endi papan, aneng sira uga ana Pangeran, nanging aja sira wani-wani ngaku Pangeran.
3. Pangeran iku Maha Kuwasa, pepesthen saka karsaning Pangeran ora ana sing bisa murungake.
4. Pangeran iku nitahake sira lantaran biyungira, mula kuda sira ngurmati marang biyungira.
5. Ing donya iki ana rong warna sing diarani bebener, yakuwi bener mungguhing Pangeran lan bener saka kang lagi kuwasa.
II. Pituduh kang magepokan karo Kerohanian ana 5 butir:
1. Ketemu Gusti (Tuhan) iku lamun sira tansah eling.
2. Cakra manggilingan (urip iku ibarate rodha kang tansah mubeng)
3. Kahanan donya iku ora langgeng mula aja ngegungake kasugihan lan drajatira, awit samangsa ana wolak-waliking jaman ora ngisin-isini.
4. Kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir mula aja lali marang sapadha-padhaning tumitah.
5. Sing sapa seneng ngrusak katentremane liyan bakal dibendu dening Pangeran lan diwelehake dening tumindake dhewe.
III. Pituduh kang magepokan karo Kemanusiaan, kena kaperang dari 37 butir-butir:
1. Rame ing gawe sepi ing pamrih, memayu hayuning bawana.
2. Manungsa sadrema nglakoni, kadya wayang saumpamane.
3. Jer basuki mawa beya.
4. Ala lan becik iku dumunung ana awake dhewe.
5. Sing sapa lali marang kabecikaning liyan, iku kaya kewan.
6. Ngundhuh wohing pakarti.
7. Ajining dhiri dumuning ing kumedaling lathi lan budi.
8. Yitna yuwana lena kena.
9. Becik ketitik ala ketara.
10. Janma tan kena kinira, nanging wenang kinaya ngapa.
11. Klabang iku wisane ing endhas. Kala jengking wisane ana ing buntut. Yen ula wisane ana ing cangkeme ula kang duwe wisa. Durjana iku wisane ing saranduning badan.
12. Mulat sarira tansah eling klawan waspada.
13. Sabeja-bejane kang lali, luwih beja kang eling klawan waspada.
14. Sing sapa salah seleh.
15. Nglurug tanpa bala
16. Sugih ora nyimpen.
17. Sekti tanpa aji.
18. Menang tanpa ngasorake.
19. Rawe-rawe rantas malang-malang putung.
20. Mumpung anom ngudiya laku utama.
21. Yen sira dibeciki liyan tulisen ing watu, yen sira gawe kabecikan tulisen ing lemah.
22. Melik nggendhong lali.
23. Sing prasaja.
24. Percaya marang dhiri pribadi.
25. Ngelmu pari, saya isi saya tumungkul.
26. Wong mati iku bandhane ora digawa.
27. Wong iku kudu ngudi kabecikan, jalaran kabecikan iku sanguning urip.
28. Wong kang ora gelem ngudi kabecikan iku prasasat setan.
29. Wong linuwih iku ambeg welasan lan sugih pangapura.
30. Perang tumrap awake dhewe iku lamun ora bisa meper hawa napsu.
31. Ngelmu iku kelakona kanthi laku, senajan akeh ngelmune lamon ora ditangkarake lan ora digunakake, ngelmu iku tanpa guna.
32. Turuten pituture wing tuwa.
33. Wong kang ora weruh tatakrama udanegara (unggah-ungguh) iku padha karo ora bisa ngrasakake rasa nem werna (legi, kecut, asin, pedhes, sepet, pahit).
34. Wong pinter nanging ala tumindake senenge karo wong ala.
35. Sing seneng gawe nelangsane liyan iku ing tembe bakal kena pituwase saka penggawene dhewe.
36. Lamun sira mung seneng dialem bae, ing tembe ketemu bab-bab kang kurang prayoga.
37. Wani ngalah luhur wekasane.
IV. Pituduh kang magepokan karo Kebangsaan ana 15 butir:
1. Bangsa iku minangka sarana kuwating nagara, mula aja nglirwakake kabangsanira pribadi supaya kanugran bangsa kang andana warih.
2. Negara iku ora guna lamun ora darbe angger-angger minangka pikukuhing nagara kang adhedhasar idikalbune manungsa salumahing negara iku.
3. Kang becik iku lamun ngerti anane bebrayan agung, ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani.
4. Negara bakal tenterem lamun murah sandang pangan, marga para kawula padha seneng nyambut gawe, lan ana panguwasa kang berbudi bawa leksana.
5. Wadyabala kang seneng kawula alit iku dadi senengane para kawula sajroning praja, gawe kukuh sarta tamenging negara.
6. Para mudha aja ngungkurake kawruh kang nyata, amrih karya ungguling bangsa lan bisa gawe rahayuning sasama.
7. Panguwasa iku kudu gawe tentrem para kawulane, amarga yen ora mangkono bisa kawula ngrebut negara.
8. Negara kuwat iku marga kawulane seneng uripe lan disuyudi wadyabalaning negara.
9. Lamun sira dadi wadyabalaning negara, aja sira dhemen kuwasa dhewe, jalaran ing tembe bakal ana wong kang ngalahake sira, yen sira wus ora kasinungan maneh. Dene wadyabala kang kepengin kuwasa marga sing mengku negara ora darbe watak ber budi bawa leksana, iku bakal dadi tetungguling prajurit negara kuwi.
10. Yen wong becik kang kuwasa, kabeh kang ala didandani lamun kena, dene yen ora kena disingkirake mundhak nulari (cuplak andheng-andeng umpamane).
11. Wataking manungsa iku kepengin kuwasa, nanging Pangeran iku bakal maringi panguwasa miturut kersane Pangeran Pribadi.
12. Janma iku tan kena kinira kinaya ngapa, mula sira aja seneng ngaku lan rumangsa pinter dhewe.
13. Perang iku becik lamun tujuane nggayuh kamardikaning negara lan bangsane, lan perang iku ala lamun kanggo njarah rayah darbeking liyan.
14. Wong ala yen bisa kuwasa, kang ala iku diarani becik. Kosok baline yen wing becik kang kuwasa, kang besik iku kang ditindakake.
15. Rumangsa melu handarbeni, wajib melu hanggondheli. Mulat sarira hangrasa wani.
V. Pituduh kang magepokan karo Kekeluargaan kaperang ana 14 butir:
1. Bapa biyung iku minangka lantaran urip ing ngalam donya.
2. Sing sapa lali marang wong tuwane presasat lali marang Pangeran. Ngabektiya marang wong tuwa.
3. Wong tuwa kang ora ngudi kabecikan sarta ora ngerti marang udanegara (trapsila, unggah-ungguh) lan tatakrama, ku sejatine dudu panutane putra wayah.
4. Sing sapa seneng urip tetanggan, kalebu janma linuwih. Tangga iku perlu dicedhaki nanging aja ditresnani.
5. Sadumuk sanyari bumi ditohi pati.
6. Mikul dhuwur mendhem jero.
7. Ora ana katresnan kang ngluwihi katresnane wong tuwa marang anak.
8. Tresna marang mantu iku padha bae tresna marang putra, jalaran putu iku saka katresnane putra lan mantu.
9. Anak iku minangka terusane wong tuwa.
10. Sayojana iku dohe sepuluh ewu depa, swara kang krungu nganti sayojana aruming jeneng ngabar-ambar salumahing bumi.
11. Wong linuwih iku kudu bisa ngepek ati lan ngepenakake atine liyan. Yen kumpul karo manita kudu bisa ngetrapake tembung kang manis kang bisa gawe senenging ati. Yen kumpul pandhita kudu bisa ngomongake tembung kang becik. Yen ana sangareping mungsuh kudu bisa ngatonaki kawibawane.
12. Tangga iku padha karo bapa biyung.
13. Tangga kang ora becik atine aja dicedhaki, nanging aja dimungsuhi.
14. Golek jodho aja mung mburu endahing warna, senajan ayu utawa bagus, yen atine durjana, ora wurung disiriki liyan.
VI. Pituduh kang magepokan karo Keduniawian ana 9 butir:
1. Bandha kang resik iku bandha kang saka nyambut karya, lan saka pametu sejene kang ora ngrusakake liyan. Dene bandha kang ora resik iku bandha colongan utawa saka nemu duwekeing liyang kang kawruhan sing duwe.
2. Kadonyan kang ala iku ateges mung ngangsa-angsa golek bandha donya, ora mikirake kiwa tengene, uga ora mikirake kahanan batin.
3. Golek bandha iku samadya bae, udinen katentreman njaba njero.
4. Bandha iku anane mung aneng donya, mula yen mati ora digawa.
5. Wong golek kemakmuran iku ora kalebu kadonyan.
6. Bandha iku gawe mulya lan uga gawe cilaka. Gawe mulya lamun saka barang kang becik, gawe cilaka lamun saka barang kang ala.
7. Wong urip aja tansah kepengin bandha bae, jalaran kasugihan iku ing samangsa - mangsa bisa gawe cilaka.
8. Sing sapa tansah ngegungake pangkate, wirang lamun ana owahing jaman. Sing sapa ngegungake bandhane, wirang lamun sirna bandhane.
9. Dhek jaman kuna perang iku rebutan bandha, negara lan mboyong putri. Nanging jaman iku wis ilang bareng wis ngerti menawa wanita boyongan mau bisa gawe ringkihing negara.
B. Wewaler
I. Wewaler kang megepokan karo Ketuhanan Y.M.E. ana 3 werna:
1. Aja ndhisiki kersa
2. Aja sira wani marang wong tuwanira, jalaran sira bakal kena bebendu saka Kang Murbeng Dumadi
3. Aja mung kelingan barang kang katon wae, seab kang katon gumelar iki anane malah ora langgeng.
II. Wewaler kang magepokan karo Kerohanian ana 4 werna:
1. Aja daebr pangira yen lelembut iku mesthi alane, jalaran sing apik uga ana, ora beda karo manungsa
2. Aja lali saben ari eling marang Pangeranira, jalaran sejatine sira iku tansah katunggon Pangeran.
3. Aja seneng gawe rusaking liyan, jalaran sira bakal kena siku dhendhaning Guru Sejatinira.
4. Aja sira nyacad piyandeling liyan, jalaran durung mesthi yen piyandelira iku sing bener dhewe.
III. Wewaler kang megepokan karo Kemanusiaan ana 47 werna:
1. Aja lali marang kabecikaning liyan.
2. Aja sira degsura, ngaku luwih pinter tinimbang sejene.
3. Aja rumangsa bener dhewe, jalaran ing donya iki ora ana sing bener dhewe
4. Aja wedi kangelan, jalaran urip aneng donya iku pancen angel.
5. Aja gawe seriking ati liyan.
6. Aja golek mungsuh
7. Aja sira mulang gething marang liyan jalaran iku bakal nandur cecongkahan kang ora ana wusanane.
8. Aja ngumbar hawa napsu, mundhak sengsara uripmu.
9. Aja melik darbeking liyan.
10. Aja cidra ing janji
11. Aja dumeh
12. Aja kumalungkung
13. Aja kumingsun
14. Aja gumedhe
15. Aja ngrusak pager ayu
16. Aja dahwen
17. Aja drengki
18. Aja kuminter.
19. Aja ambeg siya.
20. Aja ngece wong ora duwe.
21. Aja kegedhen rumangsa.
22. Aja adigang-adigung-adiguna
23. Aja nggege mangsa
24. Aja nampik rejeki
25. Aja panasten.
26. Aja seneng gawe gendra, jalaran gawe gendra iku sipating demit.
27. Aja seneng yen dialem, aja sengit yen cinacad.
28. Aja lali piwulang becik.
29. Aja aweh kasekten marang durjana.
30. Aja lali marang kahanan kang marakake perang, jalaran yen sira tansah lali bakal tansah ana perang bae.
31. Aja selingkuh.
32. Aja seneng madon
33. Aja seneng main
34. Aja seneng maido
35. Aja seneng madad
36. Aja seneng nyaru
37. Aja bosenan/jelehan.
38. Aja nggebyah uyah padha asine
39. Aja dadi wong pinter keblinger
40. Aja mung tuwa tuwas
41. Aja golek menange dhewe
42. Aja gampang kelu ing swara
43. Aja taberi utangan
44. Aja seneng royal
45. Aja pisan nacad liyan, ora ana wong kang ora cacad
46. Aja wedi marang penggawe becik, lan wani marang penggawe ala.
47. Aja seneng nggampangake.
IV. Wewaler kang magepokan karo Kebangsaan ana 2 werna:
1. Aja seneng yen lagi darbe panguwasa, lan aja serik yen lagi ora darbe panguwasa, jalaran kuwi ana bebendune dhewe-dhewe.
2. Aja mung kepengin menange dhewe kang bisa marakake arahing nagara lan bangsa, kudu seneng rerembugan njaga katentreman lahir batin.
V. Wewaler kang magepokan karo Kekeluargaan ana 3 werna:
1. Aja mung ngaku wong tuwa lamun wong tuwamu katon mulya lan dhuwur drajade, jalaran sira iku asale saka wong tuwamu senajan kaya ngapa wujude.
2. Aja mung ngegungake duwe pangkat lan duwe bandha, jalaran pangkat lan bandha iku mau bisa sirna sadurunge sira pralaya.
3. Aja rumangsa bisa nanging ora bisa rumangsa
VI. Wewaler kang magepokan karo Keduniaan ana 4 werna:
1. Bandha iku perlu nanging aja diumuk-umukake, drajat lan pangkat iku perlu ning aja dipamer-pamerake, sebab bisa mlesetake awakmu dhewe.
2. Aja melik darbeking liyan, marga raja brana lan wanita iku bisa gawe congkrahing para sujana lan gawe nisthaning ati.
3. Aja seneng mamerake bandha lan ngegungake pangkat, sebab bandha bisa lunga, pangkat bisa oncat.
4. Aja seneng marang wong kang lagi nguja hawa nepsu marga akeh bandhane, jalaran bandha mau bisa gawe cilaka amarga durung mesthi bandha mau barang kang resik.
Cathetan:
Butir-butir budaya jawa iki kaimpun saka buku-buku:
1. Wulangreh
2. Wedhatama
3. Nitisastra
4. Kalatidha
Uga saka wulangane:
1. Pangeran Samber Nyawa
2. R. M. Sosrokartono
3. Ki Hajar Dewantara

BAHASA JAWA (JAVANESE LANGUAGE)

**],*,[**

UNGGAH-UNGGUHING BASA
Dening Soedjarwo

BASA Jawi menika sakalangkung raket gandheng-cenengipun kaliyan bab tatakrami, subasita, dalah unggah-ungguh. Panganggening basa Jawi ingkang sae kedah sinartanan trap-trapaning paugeran tatakrami, sopan-santun, lan unggah-ungguh.


Panganggening basa Jawi ing pawicantenan boten cekap netepi paugeraning paramasastra kemawon. Paugeran utawi kaidah pragmatik ing basa Jawi nggadhahi ayahan ingkang wigatos.

Bab tatakrami, subasita, dalah unggah-ungguh wau saget dipuntingali wiwit pakecapaning tembung, intonasi, pamilih saha pengrimbaging tembung, dumugi pangiketing ukara. Paugeran paramasastra dalah paugeran pragmatik kedah sami-sami dipunugemi. Malah boten namung menika, solah bawa dalah polatan ugi kedah trep kaliyan undha-usuking basa (variasi) ingkang dipunangge.

Inggih wontenipun paugeran bab unggah-ungguh dalah subasita wau ingkang njalari basa Jawi karaos boten gampil dipunsinaoni. Langkung-langkung tumrap generasi mudha, basa Jawi menika karaos angel, kekathahan aturan, boten praktis, lan boten demokratis.

Basa Jawi krama samenika sampun ragi awis kangge pawicantenan sadinten-dinten. Basa Jawi krama ingkang taksih asring kaangge inggih menika basa krama madya. Basa krama madya menika kaginakaken dening pamicara (01) kaliyan mitra wicara (02) ingkang srawungipun boten akrab, utawi kangge wawan rembag kaliyan tiyang ingkang langkung sepuh nanging kalenggahanipun wonten masyarakat (status sosialipun) langkung andhap. Basa krama madya ingkang asring kangge pawicantenan ing peken tradisional, kirang trep saupami kanggo matur dhumateng priyantun ingkang kedah kinurmatan.

Kawawas saking basa krama inggil, krama madya mujudaken ragam ingkang "ragi risak." Kathah tiyang ingkang kajengipun badhe ngangge krama ingkang alus utawi krama inggil nanging ingkang kawedal basa krama madya.

Para mudha jaman samangke kathah-kathahipun namung saged ngginakaken basa ngoko lan krama madya. Kathah ingkang boten saged ngginakaken basa krama ingkang sae utawi krama inggil. Kathah ingkang dereng pana menggah cak-cakaning tembung: turu-tilem-sare; ma ngan-nedha-dhahar; lara-sakit-gerah; lu nga-kesah-tindak; mulih-mantuk-kondur; lan sapanunggilanipun.

Sedaya wau ugi boten nggumunaken awit basa krama ingkang sae sampun awis kaangge. Buku waosan saha kalawarti katahah-katahahipun ngangge basa ngoko. Awit saking kiranging pangertosan menggah cak-cakaning tembang ingkang salaras kaliyan unggah-ungguh, para mudha kathah ingkang lajeng milih basa Indonesia menawi matur dhateng pak dhe, bu dhe, embah, saha gurunipun. Kanthi makatem para mudha saya tebih kaliyan basanipun. Lajeng pundi ingkang dipunkawonaken: basanipun menapa ingkang ngginakaken basa? Menawi basanipun, inggih kajengipun basa Jawi kawontenanipun kados mekaten; dene menawi ingkang ngginakaken, inggih pasinaon basa Jawi kedah kita grengsengaken. Wasana sumangga(copy from:http://www.suaramerdeka.com/cybernews/)



Basa Jawi punika kedah kita leluri, sayektosipun sarana kangge ngleluri basa Jawi punka kathah. Basa Jawi punika mbote naming kangge sarana sesrawungan kemawon, nanging wonten gunanipun ingkang langkung wigatos sange, tuladhanipn kangge sarana ndhendher Jwa susila kanthi jalur pendidikan ing klawarga.
Basa Jawi punika wonten unggah-ungguhipun, inggih punika tata karma kangge ngurmati tiyang sanes. Ananging ing wekdal samenika tata karma punika sampun dipun tilar, awit kathah tiyang ingkang sampun terpengaruh kaliyan adapt sanes. Sayektosipun adapt Jawi menika sampun sae sanged,naming tiyang Jawi ugi ingkang sampun mboten ngleluri. Tuladha ingkang gampil inggih ngleluri basa Jawi kemawon sampun (gengsi). Menawi sampun mekaten basa Jawi badhe pejah.
Jalur ingkang sayektos kedah dipun realisaseaken inggih menika jalur pendidikan supados basa Jawi mboten pejah. Kanthi mekaten wonten 3 jalur pendidikan ingkang kedah ngrembakakaken, inggih menika jalur pendidikan kulawarga, jalur pendidikan sekolahan, tuwin jalur pendidikan masyarakat. Jalur pendidikan kulawarga inggih menika jalur ingkang efektif amargi nggdahi 2 keuntungan. Sepisan wekdal bocah menika kathah wonten ing kulawarga. Kaping kalih, saking bayi, bocah sampun kulinan bebrayan wonten ing lingkungan basa Jawi.
Awit saking menika utaminipun kangge para sepuh wajib ngopeni, nglestantunaken, tuwin ngrwembakakaken basa Jawi sarta kaudayanipun, lan enggala paring tuntunan dhumateng para mudha putra wayah amrih lestantun ngrembaka sae basa tuwin bdaya Jawi menika.

WOSING PIREMBAGAN

Basa Jawi inggih menika basa budaya kejawi gadhah pigunan “komunikatif” ugi nggadahi peran kangge sarana perwujudan sikap budaya ingkang trep kalian nilai-nilai luhur (Sabdawara, 2001: 13)
Basa Jawi punika mboten saged dipunpisahaken kaliyan masalah kabudayan Jawi saha masalah panggulawenthah “pendidikan”, awit basa Jawi utawi basa “ daerah” punika minangka pirantosing panggulawenthah saha dados wahananing kabudayan. Kabudayaning manungsa wau boten saged kapisahaken kaliyan basanipun, jalaran basa punika mujudaken factor ingkang tumut nemtokaken wontenipun kebudayaan wau; tanpa basa boten badhe wonten kebudayaan. Salajengipun seserepan utawi pangertosan bab kabudayaan wau namung saged kasinan sarana basa saha saged kadaebe (“dimiliki”) lantaran panggulawenthah.
Basa lan sastra Jawa inggih menika unsure budaya ingkang kangge alat komunikasi kedaerahan masyarakat Jawa. Wonten basa dan sastra menika wonten nilai-nilai etika lan nilai-nilai moral ingkang luhur. Amargi menika, ngrembakaken basa lan sastra Jawa wonten pembentukan watak bangsa Indonesia umumipun lan masyarakat Jawa khususipun dipun pandang tepat lan bernilai.
Basa Jawa ingkang menika basa kulawarga sahingga tiyang sepuh kedah ndorong kulawarganipun kangge basa Jawa wonten dalem. Basa Jawa dados salah satunggaling kaca kabudayan Jawa, sampun ngalami masa kejayaan lan perkembangan ingkang pesat, kanthi wonten keunggulan ingkang dipun gadahi.
Gina paedahipun basa ingkang pokok inggih punika minangka pirantosing sambet raos pangraosing manungsa ing salebeting bebrayan. Makaten ugi basa Jawi tetela taksih gesang, taksih kaginakaken kangge sambet raos-pangraos dening masyarakat Jawi. Tatanan sambet raos-pangraos (“komunikasi”) punika tansah dipunparsudi, amrih cak-cakanipun langkung mapan sae. Menawi kagayutaken kalilyan kabudayan, ginaning basa salebeting kabudayan saget dipunsebat: (a) pirantos kangge ngekaraken kabudayan; (b) alur (“jalur”) nguri-uri kabudayan; (c) kangge wahana (wadhah) ing kabudayan; saha (d) dados cirining kabudayaning bangsa ingkang ndarbeni kabudayan saha basa punika wau.
Kangge mangertosi komunikasi wonten basa Jawi kanthi leres, tiyang kedhah nggadahi ingkang ndandosaken perkawis budaya Jawa ingkang trep. Caranipun nglestantunaken basa Jawi nggadahi posisi ganda, inggih menika wonten ing pihak sepisan inggih menika dados salah satunggaling sasaran pembangunan, ingkang mbetahaken perhatian tuwin pengembanganipun, ing pihak sanes Basa Jawi inggih menika salah satunggaling sarana kangge nglancaraken pembangunan.

A. Unggah-ungguhing Basa Jawi
Unggah-ungguh basa Jawi inggih menika adat sopan santun, etika, tatasusila, lan tata krama ngangge basa Jawi (Adisumarto, 1991:10). Unggah-ungguh basa Jawi kanthi normative dipun pontho kanthi tingkatan-tingkatan utawi undha usuk ingkang cacahipun ngantos sekawan welas jenis. Tuwin cacah menika ingkang dipun kangge domateng tiyang Jawa kadosipun kuwalahan piyambak kangge bentenaken kaliyan ngecakaken. Ananging wonten ing tuwuhipun unggah-ungguh basa Jawi mboten ruwet bentenipun. Wonten ing nyatanipun ingkang kadadosan samenika saget dipun tinggali bilih unggah-ungguh basa Jawi ingkang dipun ginaaken wonten ing masyarakat inggih menika ngoko, ngoko alus, krama, lan krana alus.
Unggah-ungguh punika tata krama kangge ngurmati tiyang sanes.menggahing tata krama tiyang sesrawungan punika kedah kurmat-kinurmatan. Dene tumindak makaten:
a. tiyang enem utawi anak kedah ngurmati tiyang sepuhipun utawi ingkang luwih sepuh.
b. Kanthi makaten tetela bilih unggah-ungguhing basa punika dados sarana kangge ndhapuk utawi ndhedher jiwa susila, murih sesrawungan ing madyaning bebrayan ageng punika tebih saking panyendhu saha celak saking puji rahayu.
Unggah-ungguhing basa Jawi punika ingkang tataranipun andhap piyambak dipunsebat basa ngoko. Basa ngoko ingih punika basa ingkang lugu, mila mboten wonten raos ngurmati tiyang sanes. Dene ginanipun:
a. kangge rerembagan lare kaliyan lare.
b. Kangge rerembangan tiyang sepuh dhumateng lare.
c. Kangge rerembagan tiyang sepuh kaliyan tiyang sepuh ingkang sampun kulina sanget tur mboten wonten raos ngurmati.

B. Pendidikan Sopan Santun
Pendidikan ingkang dipun ngertosi kangge nuntun anak ing kodratipun piyambak-piyambak kangge panguripan lan kangge nggayuh kaslametan lan kabunggahan ingkang inggil lan kodrat manusa ingkang wonten sekawan masa menika inggih menika lampah ingkang tebih. Kangge ngayuh kaslametan lan kabunggahan ingkang inggil saged sejajar kaliyan pakaryan lan kuwajiban manusa kanthi makhluk moral, social tuwin individual (Soepardjar, 1985:196) lan wonten ing panguripan manusa mboten sagedmilih salah satunggaling pakaryan wau anangin gkedah sedaya.
Sopan santun utawi tata krama inggih menika salah satunggaling tata cara utawi aturan ingkang turun-temurun lan ngrembaka wonten budaya masyarakat, ingkang ancasipun wonten bebarayan kaliyan tiyang, supados bebrayan saged akrab. Kathah ingkang dipun impekaken ign lingkungan saking tata krama utawi sopan santun amargi tiyang sepuh wajib mulangaken.
Keberhasilanipun pendidikan sopan santun dipun temtoaken kaliyan lingkungan sekitaripun, sae intern utawi ekstern. Amargi pendidikan sopan santun mboten saged madeg piyambak. Kaitanipun kaliyan kulawarga badhe ketinggal wonten sesrawungan ing masyarakat, lan pendidikan ing masyarakat badhe wonten kaitanipun ugi ing skolah.




C. Ngluri Basa Jawi Krama kangge Piranti Pendidian Sopan Santun
Pakulinan ngginaaken basa Jawi saking alit ingkang dipun laksanani wonten ing kulawarga menika salah satunggaling ingkang kedah dipun tanem kaliyang tiyang sepuhipun kangge penghormatan domateng tiyang sepuh utawi tiyang sepuh sanesipun
Pakulinan kangge ngginaaken basa Jawi krama kangge tiyang sepuh domateng putra-putrinipun saking alit menika sae sanged awit menapa ingkang dipun hasilaken saking masa alit saged mbekas wonten anak lan saged dados pengalaman.
Njlentrehanipun babagan sopan santun utawi ungah-ungguh basa Jawi menika nyakup 2 bab, inggih menika tidak tanduk utawi sikap ngginaaken basa Penutur lan wujud tuturanipun, ingkang kekalihipun wau mboten saget dipisah. Tuntunan sopan santun saget dipun laksanaken kanthi langsung utawi mboten lansung. Pelaku pendidikan wau saget tiyang sepuh utawi ingkang sepuh.
Hasil pendidikan sopan santun kangge ngormati tiyang sanes kanthi piranti ngginaaken basa Jawi menika ingkang nyebabaken tiyang mboten ngrasosaken cnaggung ngginaaken basa Jawi krama domateng sinten kemawon, kapan kemawon lan menika saged ndukung penampilanipun, sae wonten lingkungan masyarakat utawi sekolah.

Tidak ada komentar: